Suroboyoan maneh…

Kesel mosting sing serius – serius …., Ayo Ngguyu Bareng ngrungokno banyolan Suroboyoan maneh…
Ngenyang Pithik

Wonokairun ganti haluan maneh saiki dhodholan pithik nang pasar ngelom. Brudin teko jange tuku pithik digawe tumpengan slametan.“Mbah aku jange tuku pithik meduro, ono tah?” jare Brudin.“Iki lho sing wulune abang. .” jare Wonokairun.Mari ngono ambek Brudin pithike diangkat sampek njengking terus dibukak bokonge.Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun nggondhok ndelok pithike diobok-obok bokonge. “Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik njombang . .” jare Brudin ambek mbalekno pithike.“Cobak sing putih iki . .” jare Wonokairun ambek nawakno pithik putih. Mari ngono Brudin merikso maneh bokonge pithike. Pithike girap-girap sampek wulune brodhol, Wonokairun tambah mbedhodhok ndelok pithike diobok-obok bokonge.”Wah dhudhuk iki mbah, iki tibake pithik solo .” jare Brudin.Wonokairun nawakno maneh pithik klawu, tapi tetep gak cocok, tiwas brodhol kuabeh.”Kon iku jange tuku utowo mek kepingin dulinan bokonge pithik !!!” Wonokairun wis gak iso nahan emosi.“Iyo mbah, aku pingin tuku pithik sampeyan tapi durung ketemu sing pithik meduro . .” jare Brudin.“Iki lho pithikku sing kari dhewe .” jare Wonokairun ambek nawakno pithik ireng.Mari merikso bokonge pithik ireng Brudin puas.”Lha yo iki pithik meduro .Piro regone mbah ? jare Brudin.“Satus ewu !!!” jare Wonokairun ambek ngamuk padahal biasane regone mek rong puluh ewu.Brudin wis gak wani ngenyang blas, langsung dibayar satus ewu.“Mbah, sampeyan kok ngamukan se ?? Sakjane sampeyan asline wong endhi ?” jare Brudin. “Aku asli wong jerman !!” jare Wonokairun.“Wok ! Rupamu mbah, gak mungkin !” jare Brudin.“Lek gak percoyo dheloken dhewe . .” jare Wonokairun ngangkat bokonge.
Permen karet

Wonokairun lagi mondar-mandir nang stadion tambaksari molak-malik kursi penonton. Ketepakan stadione lagi sepi gak ono pertandingan.Lagek oleh limang baris, dhadhak pethukan ambek Brudin sing lagi serabutan ngeresiki stadion.“He Mbah, laopo ben kursi kon inceng sithok-sithok” jare Brudin.“Wingi sore aku nontok bal-balan ambek mangan permen karet terus tak templekno nang ngisore kursi. Cuma masalahe aku lali wingi longgone nang endhi, mulakno aku kepekso merikso kuabeh kursi sithok-sithok, lek ono permen karete langsung tak jabut. Dheloken iki, aku wis oleh sak kresek.” jare Wonokairun.“Waduh terharu aku mbah, pancene sampeyan iku pantes diconto. Umpomo wong kuabeh ndhuwe kesadaran tanggung jawab koyo sampeyan, wah enak tugasku.” jarene Brudin.“He Din, niatku iku dhudhuk arep ngewangi awakmu. Kok nyimut !!!” jare Wonokairun.“Arep laopo lho …?” jare Brudin bingung.“Untu emasku coplok ceket nang permen karete . . “
Bangga

Wonokairun lagi mbambung ngemis nang ngarepe TP, dhadhak Bunali teko katene ngemis pisan.“Sampeyan wis suwi tah ngemis nang kene ? Yok opo wis oleh akeh tah ?” takok Bunali.“Yo lumayan se, sak dino paling sithik aku oleh seket ewu.” jare Wonokairun.“Wah yo lumayan yo, tenguk-tenguk oleh seket ewu. Eh Mbah, sampeyan gak nduwe anak tah, kok sampek kudhu ngemis koyok ngene ?” takok Bunali.“Anakku wolu wis gedhe-gedhe, telu nang ITS, loro nang Unair, siji nang Unbra, loro maneh nang IKIP. ” jarene Wonokairun bangga.“Wah gak nyongko rek, hebat sampeyan mbah. Durung ono sing lulus tah anak sampeyan?” takok Bunali.“Anakku gak ono kuliah cak !” jare Wonokairun.“Ooh dadi dosen tah??” takok Bunali.“Salah peno cak.” jare Wonokairun.“Lha laopo lo ??” takok Bunali.“Yo koyok bapake iki, ngemis kabeh…”
Bis Kota

Brudin numpak bis kota Joyoboyo Pasarturi, penumpange uakeh dhesek-dhesekan. Sampek daerah pasar kembang Wonokairun munggah.”Lho mbah, jange nang endhi ?” Brudin nyopo.“Nang pasar turi jange tuku klambi.” jare Wonokairun.“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek ambek nawakno kursine nang Wonokairun.“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Wonokairun.Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek maneh nawakno kursine.“Wis gak usah !! Kon longgo ae !!.” jare Wonokairun.Brudin wis kadung ngadhek malih longgo maneh.“Longgo kene lho mbah” Brudin ngadhek pisan maneh nawakno kursine.Wonokairun mulai nesu bolak-balik ditawari longgo.“Wis tak warah kon longgo ae !!. Tak akoni kon pancen apikan tapi masio wis tuwek awakku sik kuat ngadhek !!” jare Wonokairun.Brudin nesu pisan.“Mbah, aku nawakno longgo iku dhudhuk mergo apikan. Aku iki jange mudhun, tapi bolak-balik sampeyan kongkon longgo maneh. Saiki selak omahku kebablasen…”

 

Tinggalkan komentar